Jumat, 23 Desember 2011
Syair Tanpo Waton
Astaghfirullah rabbal baraya
Astaghfirullah Minal kHotoya
Rabbi zidniy ‘Ilman nafi’a
wa wafiqniy ‘amalan sholiha.
Ya Rasulallah.. salamun Alaik.
Ya Rafi’a Syani wad Daraji
‘Atfata yaji ratal Alami
YA Uhailaljudi wal karomi.
Ngawiti insun nglara syi’iran
kelawan muji dateng Pengeran
kang paring rahmat lan kenikmatan
rino wengine tanpo pitungan 2x
duh bolo konco prio wanito
ojo mung ngaji syareat gogo
gur pinter ndongen nulis lan moco
tembe mburine bakal sangsoro 2x
akeh kang apal qur’an haditse
seneng ngafirke poro kiyai
kafire dewe gak digatekke
yen isih kotor ati akale 2x
gampang kabujuk Nafsu angkoro
ing pepaese gebyare ‘dunyo
iri lan meri sugihe tonggo
mulo atine peteng lan nisto 2x
ayo sedulur jo nglaleake
wajibe ngaji sak pranatane
‘nggo ngedalake iman tauhide
baguse sangu mulyo matine 2x
Kang aran soleh bagus atine
kerono mapan .. ilmune
laku torekot lan ma’rifate
ugo hakekot manjing rasane 2x
Alqur’an Qodim wahyu Minulyo
Tanpo tinulis Iso diwoco
Iku wejangan Guru Waskito
Den tancepake Ing njero Dodo
Kumantil Ati lan pikiran
merasuk ing badan kabeh jerohan
Mu’jizat Rasul Dadi pedoman
Minongko Dalan Manjinge Iman 2x
Kelawan Allah Kang Moho Suci
Kudu rangkulan Rino lan wengi
Ditirakati diriyadhohi
Dzikir lan suluk jo nganti lali
Uripe ayem, rumongso aman
dununge roso tondo yen iman
Sabar Narimo najan pas-pasan
Kabeh tinakdir sangking Pengeran2x
Kelawan Konco dulur lan tonggo
kang podo rukun ojo ngesio
Iku Sunnahe Rasul Kang Mulyo
Nabi Muhammad Panutan Kito 2x
Ayo nglakoni sekabehane
Allah Kang Bakal ngangkat drajate
Senajan asor toto Dhohire
Ananging mulyo maqom drajate 2x
Lamun Palastro ing pungkasane
orah kesasar roh lan sukmane
Den Gadang Allah swargo manggone
Utuh mayyite ugo ulese 2x
Ya Rasulallah.. salamun Alaik.
Ya Rafi’a Syani wad Daraji
‘Atfata yaji ratal Alami
Ya uhailaljudi wal karami.
"In Memoriam Gus Dur"
Allahu Yarham...
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
HADITS DAKWAH PERTEMUAN KE 11
HADITS HADITS TENTANG KEUTAMAAN DAKWAH HADITS HADITS YANG BERKAITAN DENGAN KEUTAMAAN DAKWAH A. Dakwah adalah Muhimmatur Rus...
-
SILABUS RENCANA PEMBELAJARAN SEMESTER Fakultas/Jurusan : Ushuluddin Adab & Dakwah /Bimbingan Konselin...
-
HADITS HADITS TENTANG KEUTAMAAN DAKWAH HADITS HADITS YANG BERKAITAN DENGAN KEUTAMAAN DAKWAH A. Dakwah adalah Muhimmatur Rus...
-
RENCANA PEMBELAJARAN SEMESTER Fakultas/Jurusan : Adab Dakwah & Ushuluddin/Pengembangan Masyarakat Islam IAIN ...
Tidak ada komentar:
Posting Komentar